Selasa, 14 November 2023

KHUTBAH JUMAT : SYUKUR

 

اَلْحَمْدُ للهِ  الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ ،  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ

أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Jamaah Kaum Muslimin Rohimakumullah

Monggo kito sami ningkatake takwo dumateng Gusti Allah ing panggenan pundi kimawon, kanti nindaaken sedoyo perintahipun lan awisanipun. Ugi muji dumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kito nikmat batin arupi iman, Islam lan nikmat dzahir arupi kesehatan, kesarasan.

Shalawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo lan poro sohabat ingkang sampun paring contoh kados pundi ibadah ingkang leres lan tuntunan akhlaq ingkang mulio.

Sedoyo niku nikmat ingkang kedah kito syukuri, Gusti Allah dawuh:


وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

 


​​​​​​​Artosipun: Lamun siro kabeh ngitung nikmate Allah, mongko ora bakal iso ngitung. Saktemene Gusti Allah iku akeh pengapuro tur welas asih (Al-Nahl : 18)
​​​​​​​Miturut tafsir Ibnu Katsir ayat meniko dados pepiling dateng kito sedoyo bilih ageng sanget nikmate Allah ingkang dipun paringaken kito sedoyo, ngantos dipun tegesaken kito mboten bakal sanggup ngitung nikmat-nikmat ingkang sampun kito tampi. Bahkan kito sering supe lan mboten syukur ingatase nikmat kasebat. Sinaoso mekaten, Gusti Allah niku katah ngapurone dateng luput kito sedoyo.


وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ


​​​​​​​Artosipun: Lan ilingo, nalikane Gusti Allah paring maklumat: saktemene lamun siro kabeh podo syukur, mongko ingsun tambahi, lan lamun siro kabeh kufur, mongko saktemene sikso ingsun iku banget larane (Ibrahim: 7)

Tafsir Ibn Katsir mertelaaken bilih ayat meniko negesaken bilih syukur dumateng nikmat ingkang dipun paringi kaliyan Gusti Allah niku bakal dipun tambahi kenikmatane, kosok wangsule, sinten kimawon ingkang kufur nikmat, bakal dipun sikso.

​​​​​​​Lajeng ing tafsir Muyassar anggitane Imam Sa’di dipun sebataken:


وَالشُّكْرُ هُوَ اِعْتِرَافُ اْلقَلْبِ بِنِعَمِ اللهِ وَالثّنَاءُ عَلىَ اللهِ بِها وَصَرْفُهَا فيِ مَرْضَاةِ اللهِ تعالى


​​​​​​​Artosipun: Syukur niku pengakuane penggaleh marang nikmate Gusti Allah lan muji dumateng Gusti Allah lan nggunaaken nikmat ingdalem ridane Gusti Allah.


Jamaah Jumat Ingkang Pinaringan Kabegjan


Saking dawuh-dawuh kasebat, perlu kito niti pirso penggaleh piyambak; nopo kito sampun muji lan syukur ingatase nikmat-nikmatipun Gusti Allah? Kito kedah ngatahaken ngucap alhamdulillah kanti dipun sarengi tindak lampah ingkang sae minongko dados raos syukur lan tetap nyuwun supados pinaringan gangsar ngelampahi ngibadah, sinaoso tasik katah sanget tiyang ingkang supe nindaaken syukur.

Gusti Allah dawuh:

وَقَلِيلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ


​​​​​​​Artosipun: Kedik banget saking kawulo ingsun ingkang akeh syukure (Saba’: 13)


​​​​​​​Mugi-mugi kito diparingi istiqomah saget syukur dumateng Gusti Allah lan kalebet tiyang ingkang remen muji dan syukur dumateng Gusti Allah, hinggo kecatet umate Kanjeng Nabi Muhammad ingkang minassyakirin. Amin.


أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar