Selasa, 14 November 2023

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA: WAJIB SHALAT JUMAT

 

Wajibe Slalat Jum’ah

الحمد لله  ,  الحمد لله  الذ ي وفـقـنـا لأداء الـجـمـع والـجـمـاعـات *  أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لا شـريك له * وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله *  اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيد نامحمـد  * وعلى ألـه وأصــحابه * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نُودِيَ لِلصَّلاةِ مِنْ يَوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسَعَوْا إِلَى ذِكْرِ اللَّهِ وَذَرُوا الْبَيْعَ ذَلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah  nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin.  Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ عَظِيمٌ

 “Allah wus paring janji marang wong wong kang pada iman lan pada nindakake amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka ngarsane Allah“ (Al Maidah : 9).

 

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Kita sampun sami mangertosi bilih shalat Jum’at punika wajib hukumipun tumrap kita sedaya, tiyang Islam ingkang akil baligh, shifat kakung tur muqim mboten nuju dados musafir. Nalika sampun kapiyarsa pangundanging shalat, wajib tumrap kita nilaraken sedaya kegiatan lan tetungkulan, tumuju dateng papan pengibadahan nindakaken kwajiban shalat jum’ah. Sahingga ngantos dipun haramaken nindakaken aktifitas ekonomi, dol tinuku, buruh binuruh lan samukawis kegiatan. Kados dawuh Dalem Allah ing surat Jum’at kasebat ngajeng, ingkang sukaraosipun :

“He ...wong kang pada iman, nalika wus diundangake pangundanging shalat Jum’ah, pada enggala gegancangan tumuju nindakake shalat , lan pada ninggala dol tinuku. Kang mengkono iku luwih becik tumrap sira kabeh, menawa sira kabeh pada ngerti” (QS. Al Jum’ah : 9).

Wonten ing ayat kasebat mengku  kalih perkawis : 1. perintah . 2. larangan.

1. Perintah enggal enggal tumandang shalat Jum’at, perintah ing ayat punika nedahaken makna wajib, sahingga dosa tumrap tiyang kakung mukallaf ingkang nilaraken kwajiban kasebat tanpa ‘udzur.

2. Larangan, wonten ing ayat menika nedahaken makna haram, sahingga samu kawis kegiatan lan tetungkulan haram dipun tindakaken nalika sampun kapiyarsa pangundanging shalat Jum’at, lumantar adzanipun shalat Jum’at.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Perintah lan laranganipun Allah kasebat katah dereng dipun fahami saha dipun tuhoni dening katahipun tiyang Islam. Bukti mboten saget kita selaki, bilih kasunyatan   saking tiyang Islam ingkang katah punika namung semanten ingkang  sami nuhoni dawuh tindak jum’atan. Tasih katah ingkang dereng purun ngleksanaken kwajiban shalat Jum’at. Kok umpami tiyang Islam sedaya sampun nindakaken kwajiban punika, mesti mawon masjid kita punika mboten amot nampung katahipun jama’ah. Malah mboten sekedik tiyang Islam ingkang mboten tindak Jum’atan amergi tasih sibuk nindakaken pakaryanipun. Tumrap kita poma di poma, ampun ngantos nilaraken kwajiban shalat Jum’ah punika kejawi wonten udzur, langkung langkung menawi ngantos nilaraken shalat jum’ah kaping tiga secara tumuli tanpa wonten udzur ingkang menangaken, tiyang punika cinatet minangka tiyang munafiq.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Mugi mugi kita kaparingana pitedah lan pitulung, saget nuhoni kwajiban shalat jum’ah, saha purun nindakaken ngibadah sunnah. Lan mboten klentu maham dateng dawuhipun Allah. Wusananipun kita kaparingan rahmat lan pangreksa saking ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ

 وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ

 إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ

  وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar