Selasa, 14 November 2023

KHUTBAH JUMAT : MUHAROM

 

اَلْحَمْدُ ِللهِ, اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي شــرف عـشــر الأيــام مـن شــهــره الـحــرام *  أحــمــده  ســبـحــانـه وتــعــالى شــكــرا عـلى مــواهــبـه  الـعــظـام *   أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ الْسَلاَمُ  وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلاْنَاَمِاَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَالْعَجَمِوَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ كَالنُّجُوْمِ فِي الظَّلاَمِوَالتَّابِعِيْنَ تَابِعِهِمْ بِإِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامِأَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللهِ الْخَالِقِ الْعَلاَّمِبِاْلعِبَادَاتِ وَالذِّكْرِ وَالدُّعَاءِ وَالصِّيَامِفِي أَيَّامِ عَشَرِهَذَا

الشَّهْرِ اْلحَرَمِتَدْخُلُ الْجَنَّةَ دَارَ السَّلاَمِ

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka bebukaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Amiin. ,  Kados dawuhipun Allah :

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Para sederek sedaya, sampun sesarengan kita kawuningani bilih wekdal punika kita sampun wonten ing sak lebetipun warsa enggal, ingkang kawiwitan kanti wulan Muharram punika, kita tiyang jawi mestani wulan Sura. Kalebet wulan ingkang mulya lan agung menggahipun Allah. Kamulyanipun wulan punika mboten jalaran anggenipun dados purwakanipun tahun,  ananging jalaran  mila wulan ingkang mengku sejarah ingkang sekelangkung wigatos tumrap sejarah perjuangan Islam, kagem nggayuh kejayaan lan sumiyaripun agami Islam. Mekaten ugi jalaran wulan menika mengku setunggaling dinten ingkang langkung mulya menggahipun Allah, inggih punika dinten ‘Asyura dinten kaping sedasa saking wulan Muharram punika.

Pramila samiya kersa mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram punika kanti nambahi ta’at lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita, minangka pengatos atos ampun ngantos kita tumandang ngibadah kanti lampah-lampah ingkang mboten jelas tuntunanipun. Dene cara kita mulyaake wulan Muharram punika antawisipun nindakaken ibadah shiyam, langkung-langkung wonten ing dinten ‘Asyura’ jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadlon, punika shiyam wonten ing wulan Muharram kados ingkang kadawuhaken dening Kanjeng Nabi mekaten:

أَفْضَلُ الصَّوْمِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللهِ الْمُحَرَّمُ

“Luwih utama-utamane pasa sak wise pasa Ramadlon, iku pasa ana ing wulan Muharram” (HR.Muslim).

Langkung-langkung shiyam woten ing dinten ‘Asyura inggih dinten tanggal kaping sedasa wulan punika, menggah fadlilahipun saget minangka nebusi dosa lepat setahun ingkang sampun kepengker. Panjenengan dalem kanjeng Nabi nate dipun suwuni pirsa bab punika, “Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam nate disuwuni pirsa sangka kautamane pasa dina ‘Asyura, nuli Panjenengane Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam paring dawuh: Pasa ing dina ‘Asyura iku bisa nglebur dosa setahun kang wis kepungkur”.  (HR. Muslim).                                                                                                         

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Prayoginipun anggenipun shiyam ampun namung sedinten ing dinten tanggal sedasa, nanging kasambeta kaliyan dinten tasu’a, dinten tanggal kaping sanga, kerana tiyang Yahudi ugi sami shiyam ing dinten ‘Asyura, mila supados mboten nyerupani tiyang Yahudi prayogi samiya shiyam wiwit tanggal sanga wulan Muharram punika. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi: kados ing haditst riwayat Imam Muslim:

سُئِلَ رَسُـوْلُ اللهِ صَلَّىاللهُ عَلَيْهِ وَسَـلَّمَ عَنْ صِيَامِ

يَوْمِ عَاشُورَاءَ، فَقَالَ: يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ

صُوْمُوْا التَّاسِعَ وَاْلعَاشِـرَ وَلاَ تُشْبِهُوْا بِالْيَهُـوْدِ

“Padha pasaha sira kabeh ing dina kang kaping sanga lan kaping sepuluhe wulan Muharram, lan aja pada nyerupani sira kabeh ing lelakone wong Yahudi”  (HR. Al-Baihaqi).

Kejawi ibadah shiyam, ugi wonten amal ingkang sanget dipun anjuraken, inggih punika shadaqah wonten ing dinten ‘Asyura.  Mila mangga sami ngatahna amal sosial ingkang  saget minangka sarana nyambet katresnan saha silaturrahim antawis kita, lan ugi ageng sanget ganjaran paringipun Allah.

 

Mugi-mugi Allah maringaken rahmat lan pitulungipun, kita sageta mulyaaken wulan Muharram punika kanti tambah tha’at lan taqwanipun. Wasana manggih kabekjan dunya ngantos mbenjang dumugining akherat. Amiin

 

 

 

قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُباِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الَّرجِيْمِ

بِسْمِ اللهِ الَّرحْمَنِ الَّرحِيْمِإِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَاْلأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ، ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلاَ تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْبَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِوَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِإِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْموَ قُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar