Selasa, 14 November 2023

KHUTBAH JUMAT : MAULID NABI

 

الحمد لله الحمد لله  الذ ي  مـن عـلـيـنــا بـفـضــلـه الـعـمـيــم *   أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك *  واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله * اللهـم صـل وسـلم على سـيد نا محمـد  وعلى ألـه وأصــحـابه * أمـابعـد فيـا أيها الأخـوان رحمكم الله , أوصــيكم واياي بتقـوىالله *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم: يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ *

 

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nebihi sedaya ingkang dados awisanipun, wonten ing sak dengah kawontenan, nuju bingah utawi sisah, nuju cekap utawi kirang, nuju longgar utawi rupeg, nuju rame utawi sepi, kapan mawon wonten pundi mawon lan swasana kados punapa kemawon sageta tansah netepi ta’at lan ajrih dumareng Gusti Allah Ta’ala,  supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin.

Para sederek Kaum Muslimin  rahimakumullah,

Dadosa kauningan bilih estunipun kautusipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam punika minangka kanugrahan lan kanikmatan ingkang langkung ageng saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala dateng sedaya. Jalaran kanti kautusipun Kanjeng Nabi punika Allah paring pitedah dateng sedaya manungsa sak ngalam dunya, dateng sinten ingkang kakersakaken katedahaken dateng margi ingkang leres. Inggih menika agami Islam. Kalebet kita sedayanipun awit rahmat lan fadhalipun Allah saget dados tiyang Islam nampi pitedahipun Allah, inngih lantaran kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam, Pramila sampun sakmestinipun tumrap kita kedah tansah syukur dateng Allah kanti tansah tha’at dateng Allah lan utusanipun.Awit lantaranipun kita nampi pitedah mboten sanes inggih kerana kautusipun kanjeng Nabi, Kados dawuhipun Allah ing Surat Al Baqarah ;

كَمَا أَرْسَلْنَا فِيكُمْ رَسُولاً مِنْكُمْ يَتْلُو عَلَيْكُمْ آيَاتِنَا وَيُزَكِّيكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ * فَاذْكُرُونِي أَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا لِي وَلا تَكْفُرُونِ *

“Kaya anggone Ingsun wus ngutus sawijining utusan sangka golongan ira kabeh, (yaiku Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam) kang rasul mahu macakake ayat ayat Ingsun, lan mbersihake sira kabeh, lan mulang marang sira kabeh ing Al Qu’an, lan ngilmu hikmah, lan uga mulang sira kabeh ing perkara perkara kang sira kabeh ora pada ngerti, mula sira pada elinga marang Ingsun Allah, Ingsun bakal paring wales ganjaran marang sira kabeh, Lan sira pada syukura marang nikmat peparing Ingsun, aja malah pada ngufuri nikmat kanti pada ngelakoni makshiyat” (QS.Al Baqarah : 151-152).

Para sederek Kaum Muslimin  rahimakumullah,

Syukur kita dateng Allah ingkang langkung nyata, inggih punika kita nderek dateng sedaya dawuh dawuhipun, ingkang kaasta dening kanjeng Nabi, ugi ngalap tulada nderek tindak lampahipun, kerana pancen pribadinipun menku patuladan ingkang utami saha bebuden ingkang luhur. Jer pancen pribadinipun mila langkung pas lamun ta kadadosaken kaca benggala tumrap kita sedaya.  Mekaten ugi pagesangan masyarakatipun Kanjeng nabi kala semanten, prayogi kadadosaken panutan tumrap kita sedaya ing sak tengahing gesang bebrayan bermasyarakat punika. Kehidupan ummat Islam ing zamanipun Kanjeng Nabi kala semanten, ingkang sesambetan kaliyan masalah sosial, saking segi kerukunan, persatuan, solidaritas lan toleransinipun. Ugi babagan ibadahipun, saking segi ketaatanipun saha keikhlasanipun nalika tumandang ngibadah ngumawula dateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala,  sanget sulit kita beberaken

Para sederek Kaum Muslimin  rahimakumullah,

Kawontenan mekaten sedayanipun mboten sanes inggih awit jalaran ingkang kadadosaken landesan lan pranatan  gesangipun sami, inggih punika syari’at agami Islam, ingkang kaasta dening Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam. Pramila gesangipun Kaum Muslimin kala semanten sakestu kedah kadadosaken patuladan tumrap pagesangan kita ing mangsa punika.

Mekaten sak perangan saking kisah nyata gambaran kehidupan komunitas Muslim ing zamanipun Kanjeng Nabi, ingkang kedadosan 14 abad kepengker, ingkang nggambaraken kehidupan Nabi lan para shahabatipun, inggih punika anggenipun Kanjeng Nabi ndeder wijining tauhid dateng masyarakatipun. Lan ugi anggenipun mbangun masyarakat kanti nanemaken tuntunan syari’at Islam, ingkang sekawit masyarakat jahiliyah saha kabudayan ingkang sanget risak lan bertentangan kaliyan pranatan agami Islam. Ananging wusananipun sedaya kasil dipun rombak lan berubah dados kabudayan ingkang jumbuh kaliyan tuntunan syari’at agami Islam. Sedaya kawontenan mekaten terus berkembang ngantos zaman kita menika, inggih kawiwitan kanti kautusipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam. Mugi kita kaparinganna pitedah lan tetepipun Iman Islam, ngantoso pejah kita kaparingan khusnul khatimah. Amiin.

جَعَلَناَ اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَا ئِزِيْنَ اْلأَمِنِيْنِ *   *  وَأَدْخَلَـنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْـرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ *   وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar