Pentinge Nebihi Duso
اَلْحَمْدُ للهِ, اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ * أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ * أشـهـد أن لأ اله الا الله وحده لا شـريك لـه * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله * اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيد نامحمـد وعلى ألـه وأصــحابه * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بِتَقْوَى اللهِ * وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ * أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan sejatine takwo
lan monggo sami muji syukur kranten rahmat lan nikmat ingkang sampun kito tompo
kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan dunyo akhirat.
Sholawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad,
keluarga lan sahabate. Saking Kanjeng Nabi kito sedoyo sami ngajeng-ajeng
syafaatipun mbenjeng wonten dinten kiamat.
Salah setunggale bentuk takwo nggih meniko nebihi duso. Amergi menungso gesang
wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking ngelakoni duso, lan
kaprahe menungso dipun dadosaken kaliyan Gusti Allah dados makhluk ingkang
nggadah luput, duso, lemah.
Gusti Allah sampun dawuh: ingkang artosipun: Lan podo tinggalno siro kabeh
ing sakabehane duso, katon lan samar. Saktemene wong kang ngelakoni duso sesok
ing dino kiyamat bakal oleh walesan sebab wes ngelakoni duso (surah
al An’am 120)
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Dawuhipun Gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatine duso
ingkang dipun lampahi manungso niku wonten kalih. Inggih meniko: dosa ingkang
dzohir (ketingal) lan batin (mboten ketingal). Sedoyo niki mbahayani marang
menungso.
Maksude duso dzohir meniko tegese ngelakoni duso ingkang ketingal
mripat lan angguto badan ingkang dzohir. Misale, ngelakoni duso
arupi ngombe khomer kang mendemi, main judi, zino lan sak pitunggalane.
Lajeng maksude duso batin meniko wujude mboten ketingal mripat, kadose dene
sombong, ujub, riyak, ghibah lan lintu lintunipun.
Pepiling supados ngadohi duso niki kedah kito mangertosi tenanan, amergi katah
sanget saking salah setunggale kito ingkang dereng saged mareni
(taubat) saking ngelakoni duso. Tasih katah sederek kito ingkang dereng saget
mareni penggawe nginum arak lan sejenisipun.
Semanten ugi katah tiyang ingkang dereng saged njogo manahipun saking roso
gumede, kemlelet, pamer, ngeremehaken tiyang sanes. Pramilo, leres sanget
menawi para alim dawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kito tebihi
tinimbang dosa dzahir. Sinaoso mekaten duso dzohir lan batin kedah dipun resiki
sak estu.
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ
مُضْغَةً إِذَا صَلُحَتْ صَلُحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ
الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ
Artosipun: Weruho
siro, sak temene ono ing jerone awake menungso ono getih sak genggem. Naliko
getih iku bagus, mongko bakal bagus sekabehane awake, ananging naliko getih itu
olo, mongka dadi olo sekabehane awake. Ngertiyo getih sak kempel iku arane ati.
Saking keterangan kasebat, monggo kito sami muhasabah, niti pirso
dumateng ati kito sedoyo, nopo sampun ngelarani tiyang lan hasud?
Mbok menawi saking muhasabah meniko saget dados dalane taubat lan mareni saking
penggawe duso. Mugi Gusti Allah paring pitulung dateng kito lan kekuatan kangge
nebihi duso dzohir ugi batin. Amiin.