Kamis, 07 Desember 2023

Kutbah Singkat Bahasa Jawa: Pentinge Nebihi Duso Deember 2023

 

Pentinge Nebihi Duso

اَلْحَمْدُ للهِ,  اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ * أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ   *  أشـهـد أن لأ اله الا الله وحده لا شـريك لـه * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله  *  اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيد نامحمـد وعلى ألـه وأصــحابه * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بِتَقْوَى اللهِ * وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ * أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ



Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan sejatine takwo lan monggo sami muji syukur kranten rahmat lan nikmat ingkang sampun kito tompo kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan dunyo akhirat.
Sholawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga lan sahabate. Saking Kanjeng Nabi kito sedoyo sami ngajeng-ajeng syafaatipun mbenjeng wonten dinten kiamat.
Salah setunggale bentuk takwo nggih meniko nebihi duso. Amergi menungso gesang wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking ngelakoni duso, lan kaprahe menungso dipun dadosaken kaliyan Gusti Allah dados makhluk ingkang nggadah luput, duso, lemah.
Gusti Allah sampun dawuh: ingkang artosipun: Lan podo tinggalno siro kabeh ing sakabehane duso, katon lan samar. Saktemene wong kang ngelakoni duso sesok ing dino kiyamat bakal oleh walesan sebab wes ngelakoni duso (surah al An’am 120)
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Dawuhipun Gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatine duso ingkang dipun lampahi manungso niku wonten kalih. Inggih meniko: dosa ingkang dzohir (ketingal) lan batin (mboten ketingal). Sedoyo niki mbahayani marang menungso.
Maksude duso dzohir meniko tegese ngelakoni duso ingkang ketingal mripat lan angguto badan ingkang dzohir. Misale, ngelakoni duso arupi ngombe khomer kang mendemi, main judi, zino lan sak pitunggalane. Lajeng maksude duso batin meniko wujude mboten ketingal mripat, kadose dene sombong, ujub, riyak, ghibah lan lintu lintunipun.
Pepiling supados ngadohi duso niki kedah kito mangertosi tenanan, amergi katah sanget saking salah setunggale kito ingkang dereng saged mareni (taubat) saking ngelakoni duso. Tasih katah sederek kito ingkang dereng saget mareni penggawe nginum arak lan sejenisipun.
Semanten ugi katah tiyang ingkang dereng saged njogo manahipun saking roso gumede, kemlelet, pamer, ngeremehaken tiyang sanes. Pramilo, leres sanget menawi para alim dawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kito tebihi tinimbang dosa dzahir. Sinaoso mekaten duso dzohir lan batin kedah dipun resiki sak estu.

Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:


أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلُحَتْ صَلُحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ

Artosipun: Weruho siro, sak temene ono ing jerone awake menungso ono getih sak genggem. Naliko getih iku bagus, mongko bakal bagus sekabehane awake, ananging naliko getih itu olo, mongka dadi olo sekabehane awake. Ngertiyo getih sak kempel iku arane ati.
Saking keterangan kasebat, monggo kito sami muhasabah, niti pirso dumateng ati kito sedoyo, nopo sampun ngelarani tiyang lan hasud? Mbok menawi saking muhasabah meniko saget dados dalane taubat lan mareni saking penggawe duso. Mugi Gusti Allah paring pitulung dateng kito lan kekuatan kangge nebihi duso dzohir ugi batin. Amiin.

 ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ فَمَنْ خَافَ مِن مُّوصٍ جَنَفًا أَوْ إِثْمًا فَأَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الايَاتِ وَالّذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِي