Selasa, 14 November 2023

KHUTBAH JUMAT : SYA'BAN

 

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

اَلْحَمْدُ ِللهِ  اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ* وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ* أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ* وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ*  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ * صَلاَةً تَشْفِيْنَابِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ* وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ* أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ* تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ* فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ *   بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ   * وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا

 Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh

ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam” .(QS. Ali Imran  102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mboten dangu malih kita sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kita cawis cawis siaga kangge ngadepi kwajiban kita shiyam wajib menika. Sikap  mental lan manah kita mila kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kwajiban siyam Ramadhan punika kanti kepeksa. Ing mangka wusananipun tetep sami anggenipun nindakaken. Pramila mangga kita adepi wulan suci lan kwajiban punika kanti manah bingah saha ridla, siaga nindakaken kwajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng  faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :

مـن فـرح بــدخول رمضان حرم الله جسده على النيران

Sing sapa wonge bungah sebab manjinge wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka siksa  neraka”

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Raos ing manah, saha sikap kangge ngadepi wulan Ramadlan menika sanget wigatos jalaran sambet kaliyan sifat tumrap satunggaling tiyang. Bade kalebet tiyang kados pundi tiyang menika, sanget gumantung dateng sikapipun nanggapi wulan Ramadlan. Amergi wulan menika sae rak kagem tiyang Mukmin, nanging tumrap tiyang sanes, kosok wangsulipun sanget sisah kadumugen wulan Ramadlan menika. Pramila ampun ngantos kita nyikapi wulan menika kanti raos ingkang mboten samestinipun turap tiyang Islam. Panjenengan ndalem Kanjeng Nabi Salallahu ‘alaihi wasallam. sampun paring dawuh :

wulan Ramadlan menika minangka wulan ing paling sae turap kita, nanging wulan ingkang paling awon tumrap tiyang tiyang munafiq, Pramila menawi tiyang kadumugen Ramadlan punika kok susah, menika nguwatosaken jalaran sikap ingkang mekaten sanes sifatipun tiyang Muslim, Raos bingah lan remen menika kedah kita buktekaken kanti tata tata nyawisaken samu kawis kangge mulyaaken wulan Ramadlan .

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya

Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika. Dene menapa sebabipun Allah maringaken rahmat ingkang semanten katahipun, jalaran Allah nurunaken Al Qur'an ing sak lebetipun wulan Ramadhan, Kados dawuh :

شـهـر رمـضـان الـذي أنـزل فـيـه الـقــرأن هدى للــنـاس وبـيـنـات مـن الـهــدى والـفــرقــان

"Sasi Ramadhan iku, sasi kang den turanake Qur'an ing sak jerone sasi kuwi, minangka kanggo pituduhe para manungsa, lan kang mertelakake sangka dalaning pituduh, lan kang ambedakake antarane perkara kang hak lan bathil"

Mugi mugi Allah maringana pitulung lan pitedah dateng kita sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta'ala.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ *  قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ* أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَة * وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar