Senin, 26 Februari 2024

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan di Bulan Sya'ban

 

الْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ، أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah Jumat rahimakumullah


Monggo kito sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, wonten ing panggenan pundi kimawon kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.
​​​Shalawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo, sahabat, tabi’ tabiin ingkang dipun ibarataken kados dene rembulan lan lintang ingkang madangi alam dunyo.


Perintah anggenipun kito kedah ngabekti lan taat sampun dipun dawuhaken Gusti Allah:


وَأَطِيعُوا۟ ٱللَّهَ وَأَطِيعُوا۟ ٱلرَّسُولَ ۚ فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَإِنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا ٱلْبَلَٰغُ ٱلْمُبِينُ


Artosipun: Lan podo ta’ato siro kabeh marang Gusti Allah lan Rasulullah, lamun siro kabeh  mengo (berpaling), mongko saktemene kewajibane utusan kito iku namung nyampeaken (amanat Allah) kanti jelas. (At-Taghabun, 12)
Ngabekti dumateng Gusti Allah lan Kanjeng Nabi saget dipun wiwiti saking ngelampahi kesaenan ing lebete wulan Syaban. Amergi wulan Sya’ban nggadahi kautamaan ageng, ing antawisipun ganjaran ageng kagem tiyang ingkang ngelampahi poso sunnah lan ngatahaken moco shalawat.


Hadirin Ingkang Minulyo

​​​​​​​
Sakmangken kito sampun mlebet wulan Sya’ban ingkang nggadahi pinten-pinten hikmah lan kautamaan. Gusti Allah maringi dumateng umat Islam ing wulan Sya’ban kesaenan ingkang katah. Sahabat Ibn Abbas dawuh:


إِنَّمَا سُمِيَ شَعْبَانَ لِأَنَّهُ يَتَشَعَّبُ فِيْهِ خَيْرٌ كَثِيْرٌ لِلصَّائِمِ فِيْهِ حَتَّى يَدْخُلَ الْجَنَّةَ 


​​​​​​​Artosipun: Dipun wastani wulan Sya’ban, kranten ing lebete katah kesaenan kagem sinten kimawon ingkang poso ing lebete, ngantos piyambake mlebet suwargo (Jami’ Shaghir).


​​​​​​​Dawuh meniko dipun jelasaken wonten kitab Al-Taisir syarah Jami’ Saghir bilih wulan Sya’ban nggadah kautamaan menawi dipun isi kaliyan amal ibadah kados dene poso sunnah, hinggo tiyang ingkang ngelampahi poso niku wau saget mlebet suwargo tanpo sikso. Ananging, tasik katah tiyang ingkang supe kaliyan kautamaane Sya’ban. 


​​​​​​​Wonten setunggale riwayat, Usamah bin Zaid nalikane semerap Kanjeng Nabi poso, lajeng ngucap: “Duh Kanjeng Nabi, kulo mboten nate semerap panjenengan poso sunnah ing setunggale wulan kados dene ing wulan Sya’ban”. Kanjeng Nabi dawuh:


ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ يُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ


​​​​​​​Artosipun: Niki wulan ingkang sering dipun laliaken menungso antarane Rajab lan Ramadan, nggih meniko wulan ingkang sedoyo amal dipun angkat marang Gusti Allah. Mongko ingsun seneng lamun amal ingsun diangkat nalikane poso (HR. An-Nasa’i)


Jamaah Jumat Ingkang Sami Bahagio


Saking hadis kasebat, jelas sanget bilih wulan Sya’ban nggadahi kautamaan ingkang ageng, kranten Kanjeng Nabi sampun nyontohi kaliyan poso sunnah. Nopo malih ing lebete wulan Sya’ban miturut ulama tafsir ayat perintah shalawat mandap, ayate nggih meniko:


إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا


​​​​​​​Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan poro malaikate iku podo moco shalawat ingatase Kanjeng Nabi, Hei wong-wong kang podo iman, mocoho shalawat siro kabeh ingatase Kanjeng Nabi lan podoho moco salam penghormatan kanti tenanan (Al-Ahzab, 56)


​​​​​​​Pramilo, monggo kito sedoyo nggayuh kesaenan, ngatahaken ibadah sunnah kados poso sunnah, tahajjud lan moco sholawat ing wulan Sya’ban. Supados kito saget pinanggih kaliyan wulan Ramadan estu-estu resik lan siap nyambut wulan Ramadan kanti bahagio.


​​​​​​​Mugi-mugi kito saget ngisi wulan Sya’ban kelawan ngatahaken moco sholawat kanti ikhlas, istiqomah lan saget pikantuk pitulung saking Gusti Allah lan syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad. Amin.


أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم



Tidak ada komentar:

Posting Komentar