Kunci
Kamulyan, Sugih Tanpa Bandha, Digdaya Tanpa Aji
Khutbah
I
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ
مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ
وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا
شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ
كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا
مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ
اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ
الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ
تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin
rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang
khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita
sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe
Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang
angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا
فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun,
"Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu,
yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei
wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat
rahimakumullah
Wonten ing Tafsir
Al-Ibriz juz II, kaca 71, KH Bisri Mustofa sampun maringi keterangan ing
babagan ayat takwa ingkang sampun kasebat. Bilih maknane takwa punika wedi
marang Allah swt. Lajeng dalane takwa punika, supaya kita padha ngakeh-akehake
nglampahi ing kesaenan. Kebecikan apa wae ingkang kita lampahi, bakal dipirsani
kalian Gusti Allah swt. Keterangan punika ugi selaras kalian pangandikanipun
Kanjeng Nabi Muhammad saw ing babagan takwa. Wonten ing hadits ingkang dipun
riwayataken Imam Ahmad:
فَلْيَتَّقِ
اللَّهَ وَلْيَأْمُرْ بِالْمَعْرُوفِ وَلْيَنْهَ عَنْ الْمُنْكَرِ
Artosipun, "Mangka
padha takwa sira kabeh ing Allah, lan perintah ing kebagusan sarta nyegah
saking perkara kang mungkar". (HR Ahmad) Wonten ing kitab al-Jawahir
al-Lu`luiyyah Syarh al-Arba’in an-Nawawiyyah kaca 281, Syekh Muhammad bin
Abdillah al-Jurdani nyerat keterangan makna takwa saking sahabat Ali bin Abi
Thalib ra, inggih punika:
هِيَ
الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ، وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ، وَالْقَنَاعَةُ
بِالْقَلِيْلِ، وَالْإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ
Artosipun:
"Takwa inggih punika wedi marang (Gusti Allah) Al-Jalil, lan ngamal
kelawan (isine) Al-Qur'an, rumaos cukup (qana'ah) kelawan kang sithik, lan
nyiapke kanggo sakbibare urip ing dunya,"
Jamaah Jumat ingkang
minulya
Tiyang ingkang takwa
punika, insyaallah bakal angsal kathah kautaman ing dunya lan akhirat. Babagan
kautamane tiyang ingkang takwa punika, ugi dipun terangaake wonten ing kitab
Nashaihul Ibad kaca 13. Syekh Nawawi Al-Bantani maringi keterangan bilih tiyang
ingkang takwa, tegese nilar maksiat saha nglampahi taat marang Allah, kamangka
bakal pinaringan tiga perkara kang mulia lan pinuji:
مَنْ
تَرَكَ الْمَعْصِيَةَ الَّتِي تُصَيِّرُهُ ذَلِيلًا وَعَمِلَ الطَّاعَةَ الَّتِي
تُصَيِّرُهُ عَزِيزًا أَعْطَاهُ اللَّهُ تَعَالَى ثَلَاثَ صِفَاتٍ مَحْمُودَةٍ
Artosipun:
"Sapa wonge kang nilar maksiat kang ndadekake ina lan nglakoni keta'atan
kang iso ndadekake mulia maka, Gusti Allah bakal maringi wong mau, ing tiga
sifat kang pinuji."
أَغْنَاهُ
اللَّهُ تَعَالَى مِنْ غَيْرِ مَالٍ) يُنْفِقُهُ بَلْ بِسُكُونِ قَلْبِهِ (وَأَيَّدَهُ)
أَيْ قَوَّاهُ (مِنْ غَيْرِ جُنْدٍ) أَيْ عَسَاكِرَ يُعِينُونَهُ بَلْ بِقُوَّةِ
اللَّهِ تَعَالَى (وَأَعَزَّهُ) أَيْ غَلَبَهُ عَلَى عَدُوِّهِ (مِنْ غَيْرِ
عَشِيرَةٍ) أَيْ جَمَاعَةٍ يُعَاشِرُونَهُ بَلْ بِنَصْرِ اللَّهِ تَعَالَى
Ingkang pertama, inggih
punika sugih tanpa bandha.
Tegese Gusti Allah bakal
maringi tenang atine, sehingga tiyange wau tansah gadahi raos syukur marang
sedaya peparinge saking Gusti Allah swt. Tiyang ingkang syukur lan qana'ah
punika, kathah utawa sithike rezeki dipun tampi kanthi ati kang seneng. Kaping
kalih, inggih punika digdaya tanpa aji lan nglurug tanpa bala. Tegese piyambake
tansah rumaos bilih sedaya kekuatan, pitulungan, kesaktian, lan sanesipun, niku
namung saking Gusti Allah swt. Pramila, tiyang ingkang takwa punika ugi bakal
gadahi sifat syajaah utawi wani ing dalem nindakake utawa mbela perkawis
ingkang bener. Ing akhiriipun tiyang ingkang takwa punika bakal angsal
kautaman Ingkang angka tiga, inggih punika kamulyan. Tegese, piyambake bakal
diparingi menang ingatase musuh-musuhe, sebab angsal pitulungan saking Gusti
Allah swt.
Jamaah Jumat ingkang
minulya
Menikalah kautaman
kanggone tiyang ingkang takwa marang Allah swt. Piyambake bakal angsal kamulyan
lan kabegjan ing dunya lan akhirat. Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita
tansah dedunga mugi Gusti Allah, tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita,
saha negara Indonesia pinaringan rukun aman lan tentrem. Mugi-mugi kita sedaya
angsal keberkahan ing wulan kamardikan menika. Amin ya Rabbal 'Alamin.
بَارَكَ
اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ
بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى
اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن
Sumber:
https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-kunci-kamulyan-sugih-tanpa-bandha-digdaya-tanpa-aji-10Ued
Tidak ada komentar:
Posting Komentar