اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ
اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ
أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ *اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُكَبِيْرًا * وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا * وَسُبْحَانَ اللهُ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ
اِلدّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ
وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحَزَابَ وَحْدَهُ * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ * الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ
اْلأَعْيَادَ مُوْسِمَ اْلخَيْرَاتِ * أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الأَرَضِيْنَ وَالسَّمَاوَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلىَ دِيْنِهِ بِأَوْضَحِ اْلبَيِّنَاتِ * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ الْكَائِنَاتِ * سَِيّدِناَ محَُمَّدِ النَّبِيِّ اْلأُمِّيَّ وَعَلَى آلِهِ
وَأَصْحَابِه ِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلىَ آخِرِ الدُّهُوْرِ وَالسَّنَوَاتِ * أَماَّ بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ *أُوْصِيْكُمْ وَاِياَّيَ بِتَقْوَاللهِ
وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ* وَاعْلَمُوْا أَنْ يَوْمَكُمْ هَذَا يِوْمَ الْعِيْدِ
اْلأَكْبَرِ* قَدْ رَفَعَ اللهُ قَدَرَهُ وَأَظْهَرَهُ
وَسَمَاهُ يَوْمَ الْحَجِّ اْلأَكْبَرِ*
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.
Mangga kita sesarengan ngunjukaken
puji syukur saha pengalembana wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala, inggih awit
saking kanugerahan lan kanikmatan langkung langkung yuswa panjang ingkang
kaparingaken dateng kita sedaya sahingga enjang menika kita kaparingan saget
menangi malih dinten riyadin Idul Adhha punika kanti kebak kabingahan lan
kebahagiaan. Panyuwun kita mugi katampia sedaya amal ibadah kita wonten ngarsa
dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin.
Ugi mboten kesupen mangga
kita samiya tansah netepi taqwa dateng
Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan
dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing
swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, tansah
netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan
kanugerahan, kebahagyaan gesang saking
ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebet saking bumi lan langit, Allah mila
sampun dawuh :
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى
آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ
مِّنَ السَّمَآءِ وَاْلأَرْضِ
"Sekirane penduduk negara iku pada iman
lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi. (Q.S.
al-A'rof: 86).
Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.
Wonten tigang prastawa penting ingkang dumados ing wulan Dzil
Hijjah punika,
1. Tanggal 9 Dzul Hijjah kala wingi wukuf Arofah Inti pokok
ipun ibadah hajji. Sahingga wulan punika dipun wastani Dzul Hijjah wulan Hjji,
jalaran ibadah punika katindakaken wonten ing wulan menika kawiwitan ing dinten
Arofah punika. Ibadah katindakaken dening jutaan umat Islam ing tanah suci
Makkah ingkang dumugi saking pundi pundi negari kaum muslimin muslimat, jaler estri,
enem sepuh, ageng alit, wonten ingkang
bidal sak keluarganipun lan wonten ingkang bidal kiyambak, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan awrat saget dumugi ing
tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados setunggal ing
bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa
tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun
sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah, minangka kawula, sedaya kedah
angrasuk busana ingkang sami. Sedaya siaga nuhoni timbalan dalem Allah Ta’ala.
Punika sedaya mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang sami,
sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung
mulya menggahipun Allah.
اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرْ
2. Shalat Ied ingkang kita
tindakaken punika, mboten namung kita nanging atusan yuta ummat Ummat Islam ing
lumahing bumi punika sami kempal wonten ing masjid mushola, alun alun, lapangan
lan papan papan sanes, sedaya lenggah sami rendah, berdiri sama tinggi, sedaya
metelaken sirahipun wonten ing bumi sujud wonten ngarsa dalem Allah. Sedaya
ngraos alit lan apes wonten ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung.
Shalat Ied punika ngrupekaken ikrar bersama kagem ngegungaken
lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi tekat ngumawula namung
dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan lan maghfirah saking
ngarsanipun Allah Ta’ala.
أَللهُ أَكْبَرُ وَ ِللهِ الْحَمْدِ
3. Prastawa
ingkang kaping tiga inggih punika anggenipun dipun syari’ataken ibadah
Qurban.
Ibadah qurban punika minangka sarana taqorrub
nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha’atan dateng Allah, kanti
nglilakaken sak perangan hak milik kita, banda kita ingkang arupi hewan ternak
menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban. Kita kedah yakin bilih ingkang bade katur
dateng ngarsanipun Allah sanes daging menapa dene rahipun khewan qurban,
ananging ketha’atan, keikhlasan, ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunjuk
dateng ngarsanipun Allah.
Babar pindah daging lan rahipun qurban mboten bade kunjuk
dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan taqwanipun ingkang bade dumugi wonten
ngayunan dalem Allah, dene dagingipun qurban manfa’atipun wangsul dateng sesami
minangka amal sosial.
Sahingga gamblang bilih syari’at qurban punika anggadahi
manfa’at ganda, saking arah kalih, hablun minallah minangka kumawula kita, nuhoni dawuhipun Allah kanti
ikhlas. Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial.
اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرْ
Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.
Mekaten
antawisipun hikmah anggenipun dipun syari’ataken ibadah qurban, minangka
ibadah raos kumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal
ingkang berfungsi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfa’atipun dening para
manungsa. Menawi syari’at punika saget kaleksanaaken kanti sae, tentu sedaya
ummat Islam bade ngraosaken lan nekseni keagunganipun syari’at agami punika.
Bilih syari’at agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis
perkawis kalih hablun minallah lan hablun minannas, antawis duniawi
lan ukhrawi, mekaten ugi sanget
ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa
lan jasmani, sahingga bade sampurna kebahagyaanipun manungsa, sae
akal, jiwa menapa dene raga jasmaninipun. Mugi mugi Allah maringaken bukti
saking kebenaran syari’at agaminipun, kanti maringaken hikmah saking ibadah
qurban punika. Sahingga para kawulanipun
ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya qurban punika.
Saya gumbregah nindaaken tha’at ibadah dateng ngarsanipun Allah Ta’ala, lan ugi
ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh
kabekjaning gesang dunya lan akhirat.
Akhiripun mangga kita sami nyuwun dateng ngarsa Dalem
Allah, mugi-mugi kita saget ngunduh buah lan hikmahipun Idul Adha ingkang ngajak
dateng kita anggadahi semangat pangurbanan
kanti raos keikhlasan supados tansah tumanem konjem wonten ing sak lebetipun
manah kita sedaya, sahingga kita saget nggayuh kawilujengan, katentreman lan
kanugrahan saha kebahagiaan, wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan
saking ngarsa dalem Allah swt. Amiin ya Robbal 'alamiin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ
وَاْلفَائِزِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ
الصَّالحِيِن * وَقُلْ
رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*
Khutbah
Tsaniyah
اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ *اللهُ
أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُكَبِيْرًا* وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا* وَسُبْحَانَ اللهُ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ
اِلدّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ * صَدَقَ
وَعْدَهُ *وَنَصَرَ عَبْدَهُ * وَأَعَزَّ
جُنْدَهُ* وَهَزَمَ الأَحَزَابَ وَحْدَهُ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ* الْحَمْدُ
ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ اْلأَعْيَادَ مُوْسِمَ اْلخَيْرَاتِ* أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الأَرَضِيْنَ وَالسَّمَاوَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلىَ دِيْنِهِ
بِأَوْضَحِ اْلبَيِّنَاتِ * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ الْكَائِنَاتِ سَِيّدِناَ
محَُمَّدِ النَّبِيِّ اْلأُمِّيَّ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلىَ آخِرِ الدُّهُوْرِ وَالسَّنَوَاتِ * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا اْلحَاضِرُونَ اْلكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهُ
وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ* قَالَ اللهُ تَعَالىَ أَعُوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ *
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى * يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ
وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ * وَارْحَمْنَا
مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ إِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ * اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَاوَأُمَّتَنَا
* وَقُضَاتَنَا
وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا * وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا
عَامًّا* وَاجْعَلْنَا
هَدَاةً مُهْتَدِيْنَ * اَللَّهُمَّ
انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ * وَاخْذُلْ
مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ * اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ * وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ
* وَفَرِّجْ
عَنِ اْلمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْضِ
الدَّيْنِ عَلَى اْلمَدْيُوْنِيْنَ * وَاكْتُبِ
اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْحُجَّاجِ وَالْغُزَّاةِ
وَالْمُسَافِرِيْنَ * إِنَّكَ
عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ * اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ * وَالْبَلاَءَ
وَالْوَبَاءَ * وَالْفَحْشَاءَ
وَاْلمُنْكَرَ * وَاْلبَغْىَ
وَالسُّيُوْفَ اْلمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا
ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً
*
وَمِنْ
بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍِ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا
اغْفِرْلَنَا وَِلإِحْوَانِنَا * الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَــا بِاْلإِيْمَانِ *
وَلاَ
تَجْعَلْ فِى قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آَمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
*
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ
وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ
وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ * وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ
مِنْ فَضْلِهِ * يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ *