الحمدُ لله حَمْدًا كثيرًا طَيِّبًا
مُبارَكًا فيه كما يُحِبُّ رَبُّناَ ويَرْضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا
شريكَ لَهُ ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ
صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ،
وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ اَمَّا بَعْدُ فَياَ
اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ
أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ
فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Monggo
kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken perintahipun
soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita sedoyo pikantuk kabegjan wonten ing
dunyo ngantos akhirat. Gusti Allah sampun dawuh:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ
الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Takwo
meniko kedah estu tumancep ing jeroning penggalih kito sedoyo, amargi dados
pondasine tiyang mukmin, ngantos mboten kumowani ngelampahi perkawis ingkang
nulayani syariat agomo.
Sholawat
serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang paring
keteladanan marang kito sedoyo, ugi ingkang kito sami nderek dawuh lan tindak
lampahipun, lan kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjeng dinten kiamat.
Salah
setunggale bukti kito nderek dawuh lan tindak lampahipun Kanjeng Nabi nggih
meniko ngelampahi kesunnahanipun arupi ibadah shalat sunnah, poso sunnah, lan
remen nderes al-Quran, lan taqarrub marang Gusti Allah.
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Wekdal
sakmangke sampun mlebet wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun
hijriyyah. Dipun wastani wulan shofar keranten bongso Arab naliko semanten sami
ngosongaken kegiatane. Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat sami
ninggalaken kampungipun, saperlu bidal perang utawi tindakan. Tiyang zaman
Jahiliyah, katah tiyang ingkang nggadah pemikiran bilih wulan Shofar niku
minongko wulan apes. Katah tiyang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo ing wulan
shofar amergi wulan shofar dipun percados nggadahi nasib olo, jember hinggo
nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu. Padahal, sejatosipun wulan
Shofar mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang
awon utawi sae wonten lebetipun wulan shofar, meniko sejatosipun sampun dipun
kersa’aken Gusti Allah, sanes disebabaken wulan Shofar.
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Saking
pepertelan kasebat, kedah kito yakini bilih sedoyo penyakit, apes niku sanes
lantaran wulan Shofar. Kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:
مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى
ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن
نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ
Artosipun: "Ora ono musibah
ingdalem bumi lan musibah ingkang ngenani awak siro kabeh iku kejobo wes
kecatet ingdalem kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken.
Saktemene mengkunu iku gampang mungguhe Gusti Allah" (QS Al-Hadid, 22).
Monggo
kito sedoyo mbiasaaken maos dungo kados ingkang sampun dipun ajaraken wonten
setunggale hadis, ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah, Tirmidzi,
nggih meniko :
بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا
يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ
السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun:
"Kelawan nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal
mbahayani kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan
ngaweruhi nopo kimawon."
Wulan Shofar mboten leres
dipun yakini wulane apes, ciloko. Sebab sedoyo sampun ditakdir kaliyan Gusti
Allah. Monggo wulan shofar kito uripi semangat ibadah, ampun ngantos kito
aras-arasen lan mboten nggadah kekarepan ibadah amal kesaenan. Mugi-mugi kito
sedoyo kaliyan Gusti Allah dipun paringi ma’unah, pitulung saget nindaaaken
kesaenan wonten wekdal soho panggenan pundi kimawon lan dipun tebihaken saking
perkawis olo, awon, lan ciloko. Amiin
ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ
ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا
وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْر
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ
الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا
وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ
فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar