لحَمْدُ
للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ
النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك
لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى
سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وعلى اله وأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ
الدِّين، أما بعد: فيايها الإخوان، أوصيكم و نفسي بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون،
قال الله تعالى في القران الكريم: أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمان
الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا
سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ
الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا
الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صدق الله العظيم
Ngawiti khutbah menika, kepareng atur wasiat
dhumateng kita sedaya, supados kita tansah ningkataken iman lan takwa kita
dhateng Allah ta'ala, kelawan nindhaake sedaya perintah saha nilar sedaya
awisanipun Gusti.
Salah setunggale perintah saking Gusti, inggih
punika birrul walidain utawi ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih. Kados
dene dhawuhe Allah taala ing Al Qur'an surat Luqman ayat 14:
وَوَصَّيْنَا
الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ وَهْنًا عَلَىٰ وَهْنٍ وَفِصَالُهُ
فِي عَامَيْنِ أَنِ اشْكُرْ لِي وَلِوَالِدَيْكَ إِلَيَّ الْمَصِيرُ
Artosipun: “Lan Ingsun (Allah) wasiat marang
menungsa, (Ingsun perintah bagusi) marang wong tua lorone. Ibune ngandut
deweke. Sang ibu mau nandang payah ingatase payah (payahe ngandut) lan anggene
nyapih, dewek iku sakwuse umur 2 (rong) tahun. Lan Ingsun (Allah) dhawuhi
marang menungsa, supaya sira syukur marang Ingsun (Allah), lan marang wong tua
2 (loro) ira. Iku namung marang Panjenengan Ingsun dhewe - panggonan baline
sekabehane menungsa,”
Wonten Surat Al Isra ayat 23, Gusti Allah ugi
sampun paring dhawuh, supados kita mboten pareng tumindhak kasar kalian tiyang
sepah kalih:
وَقَضَى رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا
إِيَّاهُ وَبِالوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا إِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الكِبَرَ
أَحَدُهُمَا أَوْ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُلْ لَهُمَا أُفٍّ وَلَا تَنْهَرْهُمَا
وَقُلْ لَهُمَا قَوْلًا كَرِيمًا
Artosipun: “Lan perintah Pengeran ira, ing
nyenta ora nyembah kejaba marang Allah, lan gawe bagus kelawan wong tuwa loro.
Lamun salah siji sampun sepuh tur dadi tanggungan ira, aja pisan-pisan sira
ngucap marang dheweke, kayata: hus! Lan sira aja nyentak marang wong tuwa loro.
(Nanging) ngucapa sarana pengucap kang bagus,"
Ma’asyiral muslimin jamaah Jumat
rahimakumullah,
Saking ayat-ayat ingkang kasebat kala wau,
sampun cetha kewajiban kita supados ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Sebab bapak lan ibu sampun nandhang rekasa, kangge kita para putrane. Bapak
pados nafkah ingkang halal lan ibu sampun rekasa nalika ngandut lan nglairake
kita. Tentu nipun, taksih katah kesahenan sanese, ingkang mboten saget kita
sebat setunggal dene setunggal. Mangka, sampun mesti menawi kita ngabekti
dhumateng tiyang sepuh kekalih, lan ganjaranipun inggih punika swarga. Kanjeng
Nabi Muhammad saw sampun maringi keterangan, mulyane tiyang sepah kalih,
khusususipun dhumateng ibu.
Hadist ingkang dipun riwayataken Sahabat Anas
bin Malik RA
الجَنَّةُ تَحْتَ أَقْدَامِ الأُمَّهَاتِ
Artosipun: "Swarga iku, ana ing ngisor
dlamakan sukune ibu,"
Hadist ingkang kasebat, nuduhaken bilih ibu
niku mulya. Paribasan, swarga ingkang dadi cita-citane kabeh menungso ingkang
inggil mawon, ana ing dlamakan sukune ibu. Dlamakan suku menika anggota badan
menungsa, ingkang paling ngisor. Nanging, menawi dipun pirsani malih, hadist
menika gadah makna, bilih salah setunggale kunci utawi dalan, supados saget
mlebu swarga, inggih punika angsal ridha saking ibu.
Mugi-mugi kita sedaya saget dados putra kang
solih, kang ngabekti dhumateng tiyang sepah kekalih. Mugi-mugi bapak ibu kita
ingkang taksih sugeng, pinaringan sehat wal afiyat lan keberkahan. Mbok menawi
ingkang sampun sedha, mugi pinaringan pangapura lan rahmat saking Gusti Allah,
lan benjang saget dikempalaken sareng kita ana ing swarga. Amin ya Rabbal
Alamin.
جَعَلَنا
اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ
عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ
اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ،
وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ
مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ